Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Mukmin Ingkang Sejati Manahipun Mboten Ngraos Susah Wanci Tinibo Musibah

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Mukmin Ingkang Sejati Manahipun Mboten Ngraos Susah Wanci Tinibo Musibah

Khutbah I

الحمد لله ثم الحمد لله الحمد حمدا يوافي نعمه ويكافئ مزيده، يا ربنا لك الحمد كما ينبغي لجلال وجهك ولعظيم سلطانك، سبحانك اللهم لا أحصي  ثناءا عليك أنت كما أثنيت على نفسك، واشهد أن لا إله إلا الله وحده لا شريك له، وأشهد أن سيدنا ونبينا محمد عبده ورسوله وصفيه وخليله خير نبي أرسله، أرسله الله إلى العالم كله بشيرا ونذيرا اللهم صل وسلم وبارك على سيدنا محمد وعلى آل سيدنا محمد صلاة وسلاما دائمين متلازمين إلى يوم الدين، وأوصيكم أيها المسلمون ونفسي المذنبة بتقوى الله تعالى.

أما بعد، فيا عباد الله

Gusti Allah Swt nitahake manungsa, nyukani nafas lan yuswo, uga paring maneko macem nikmat lan raos bungah wonten manah. Pramilo kawajibanipun manungso naliko nafas tasek wonten ing kandung badan wonten kaleh:

Kaping pisan:

تَنْفِيْذُ أَمْرِ اللهِ سُبْحَانَهُ وَتَعالَى جُهْدَ اِسْتِطَاعَتِهِ

“Ngelampahi sedoyo dhawuhipun gusti Allah Swt kalih segenap doyo lan upayanipun.”

Kaping kaleh:

الرِضَا بِحُكْمِ اللهِ سُبْحَانَهُ وَتَعَالَى وَقَضَائِهِ مِلْءَ قَلْبِهِ

“Ridho ing sedoyo ingkang dipun tetepaken dening Allah Swt ing piyambakipun tanpo nirahaken ruang penolakan wonten manahipun.”

Kalih bab wonten inggil, inggih meniko intisari agung pedoman gesang manugso, ingkang di dhawuhaken dening gusti Allah Swt wonten ing Al-Qur’an:

قُلْ إِنَّ صَلَاتِيْ وَنُسُكِيْ وَمَحْيَايَ وَمَمَاتِيْ لِله رَبِّ الْعَالِمَيْنَ لَا شَرِيْكَ لَهُ وَبِذَلِكَ أُمِرْتُ وَأَنَا أَوَّلُ الُمسْلِمِيْنَ

Hartosna: “Sanjangaken: saestunipun sembahyang kulo, ibadah kulo, gesang lan sedo kulo namung kagem gusti Allah, Gusti jagad semesta.” (QS. Al-An’am: 162)

Manungso gesang wonten ing alam dunyo niki namung ngelampahi nopo-nopo ingkang sampon digariskan dening Allah Swt dateng piyambakipun, lan pirso taqdir Allah Swt dateng sesama, lan ngeyakini nopo ingkang Allah Swt garisaken  damel piyambakipun ing mongso ingkang dingin, lan mongso ingkang badhe di lampahi. niku sedoyo dipunserat dening Allah Swt kanthi welas asih, keadilan lan kesaenan kagem hamba-IPUN. Sehinggo kesadaran niki ndadosaken manungso kangge  ridho nerampi qodho’ lan qodar Allah tanpo wonten prasangka awon ing gusti Allah Swt.

وَعَسَى أَنْ تَكْرَهُ شَيْئًا وَهُوَ خَيْرٌ لَكُمْ وَعَسَى أَنْ تُحِبُّوْا شَيْئًا وَهُوَ شَرٌّ لَكُمْ وَاللهُ يَعْلَمُ وَأَنْتُمْ لَا تَعْلَمُون

“Saget ugo panjenengan raos sengit kalih perkawis, padahal perkawis niku sanget sae dame panjenengan, lan saget ugo panjenengan remen kalih perkawis niku, padahal perkawis niku sanget awon damel panjenengan; Allah sumerep, naliko panjenengan mboten sumerep.” (QS. Al-Baqarah: 216)

Hadirin jamaah jumah ingkang minulyo,

Mukmin ingakang saget nerapaken kaleh pedoman penting wonten urip, inggih meniko

تَنْفِيْذُ أَمْرِ اللهِ سُبْحَانَهُ وَتَعالَى جُهْدَ اِسْتِطَاعَتِهِ

Ngelampahi sedoyo dhawuhipun gusti Allah Swt kalih segenap doyo lan upayanipun.

الرِضَا بِحُكْمِ اللهِ سُبْحَانَهُ وَتَعَالَى وَقَضَائِهِ مِلْءَ قَلْبِهِ

Ridho ing sedoyo ingakang dipun tetepaken dening Allah Swt ing piyambakipun tanpo nirahaken ruang penolakan wonten manahipun.

Saget dipun pirso saking crios puniko:

Wonten suami ingkang medal griyo injing-injing kagem pados rizqi ingkang halal kangge kluarganipun, wonten ingkang tindak dateng kantor kangge ngaelampahi kawajiban kerjanipun, utawi tindak dateng toko kangge bikak sadeanipun, utawi medal kangge bikak aplikasi pengantaran online. Sedoyo pekerjaanipun dipun lampahi kalih kasungguhan lan tanggel jawab dateng atasanipun, sadeanipun dipun lampahi kanti jujur supados konsumenipun mboten kecewo, Wancine nyambut damel mboten piyambakipun damel aktivitas benten,amergi piyambakipun ngertos  menawi niku amanah, dene dawuh tuhanipun inggih meniko amanah kedah ditunaikan kalih raos tanggel jawab. Mila wancine  sonten dugi lan wekdal piyampakipun bangsul wonten griyo, bilih sedinten nyambut damel hasil ingkang piyambakipun kantuk sesuai kalih nopo seng diharapaken mila piyambakipun bersyukur kalih Allah Swt, lan piyambakipun yakin menawi nopo seng piyambakipun kantuk niku sanes hasil usahane ananging amargi kemurahan saking Allah Swt. Nanging bilih hasil seng piyambakipun kantuk mboten sami kalih seng diharapaken, piyambakipun nerampi hasil niku amergi yakin, niku seng paling sae damel piyambakipun. Piyambak e nerampi mboten namung lasan e mawon nanging manahipun inggih nerampi ingkang seleres-leresipun. Sehinggo nopo seng dipunangsal ing dinten niku, sae utowo mboten kebingahan wonten manahipun mboten ical. Lan piyambakipun wangsul ten griyo dalam keadaan bingah damel aktivitas liyo.

Mukmin ingkang sae dening raos gerah piyambakipun ajeng tindak dateng dokter amergi ngemut-ngemut dawuhipun Rasulullah Saw:

مَا أَنْزَلَ اللهُ دَاءً إِلَّا وَأَنْزَلَ لَهُ شِفَاءً إِلَّا السَّامُ

Allah Swt mboten ngadhepaken penyakit kajobo, Allah Swt inggih nyiptaaken penawar kangge penyakit niku kajobo kematian.

Piyambakipun bakal usaha lan ikhtiar mados kawarasan sekiat tenaganipun, haisilipun dipun pasrahaken kalih Allah Swt, bilih Allah Swt maringi kewarasan mila syukuripun beratamba, ibadahipun langkung ditingkataken. Ananging bilih Allah Swt menggariskan wekdal ajalipun, piyambakipun siap nduginipun dhayoh Allah Swt kalih sumringah .

Piyambakipun tatap ajalipun kanti kebak raos ridho wekdal niku sakaratul maut mboten nambahi raos gerah lan wediipun amergi manahipun sampun sareng kalih Allah Swt.

Bilih tiang niku dipun tangleti, kenging nopo sabar lan nrampi sedoyo, piyambakipun matur :

“Saestunipun raos sakit ingkang dateng niki inggih punika bala tentaranipun ajal, kados menika raos gerah ingkang sarengipun.bilih tentara niki mbeten rawuh, dugi tentara ingkang sanes. Amergi ajal inggih niku mesti nduginipun. Lan kapejahan inggih niku namung lawang kagem mlebet dateng gesang selajengipun. Lan kulo sampun ridho kalih nopo mawon ingkang digariskan Allah Swt.“

Hadirin jamaah jum’ah ingkang minulyo,

Mukmin kados niku bingah ing manahipun mboten saget kirang nalika saweg lan mboten nambah nalika lapang, nalika wonten musibah piyambakipun sabar lan nalika wonten nikmat piyambakipun bertambah raos syukuripun.

Katah sanget tiang ingkang pados kebingahan ing dunyo, hasil dugi kerja keras ingkang dilampahi awit dereng mampu ngebak I raos bingahipun, lemah ingkang dikumpulaken sakedhik soyo sakedhik mboten ndadosaken raos puas, sami kados jabatan lan kemashuran ingkang dipunangsal ndadosaken piyambakipun malah raos kirang kagem  mencapai ingkang luwih. Kebingahan semu ingkang piyambakipun padosi dereng angsal dene kapejahan sampun ndugi, wekdale sakaratul maut astanipun nggegem sanget, waja-nipun gemeratak kados piyambakipun dereng siap kagem nilaraken dunyo niki.

Hadirin ingkang  dirahmati Allah Swt. Kebingahan niku mboten dipunangsal wonten pinggir pantai, mboten dipunangsal wonten gunung-gunung ingkang dhuwur, ananging kebingahan niku dipunangsal wonten manah ingkang senantiasa ridho kalih tuhan.

Pertanyaanipun, kito ingkang sampon gesang dasanan warsa niki nopo kito sampon bungah, bilih dereng, padosi karidhoan ing Allah Swt sesampone kito ngelampahi sholat jum’at niki, semantone salam kito matur ing manah kito disambi mejamaken mripat.

“Ya Allah Swt, matur sembah nuwun, atas nopo ingkang sampon lan ajeng kedados, sedanten niki dumugi panjenengan kulo trampi kalih sepnuh hati”

Wanci niku raosaken wonten tetesan sejuk ing manah kito lan sudahi kesedihan sampeyan.

بارك الله لي ولكم في القرآن العظيم ونفعني وإياكم بما فيه من الآيات والذكر الحكيم، وتقبل مني ومنكم تلاوته إنه هو السميع العليم فاستغفروه إنه هو الغفور الرحيم.

Khutbah II

الحمد لله حمدا كثيرا كما أمر، وأشهد أن لا اله اله إلا الله وحده لا شريك له إرغاما لمن جحد به وكفر، وأشهد أن محمدا عبده ورسوله سيد الخلائق والبشر. اللهم صل وسلم وبارك على سيدنا محمد وعلى آله وأصحابه ومن تبعهم بإحسان إلى يوم المحشر. أما بعد.

فيا أيها الحاضرون أوصيكم ونفسي بتقوى الله فقد فاز المتقون، وافعلوا الخيرات واجتنبوا عن السيئات.

واعلموا أن الله أمركم بأمر بدأ فيه بنفسه وثنّا بملائكته المسبّحة بقدسه، فقال الله تعالى في كتابه الكريم أعوذ بالله من الشيطان الرجيم بسم الله الرحمن الرحيم، إن الله وملائكته يصلون على النبي يا أيها الذين آمنوا صلوا عليه وسلموا تسليما، اللهم صل وسلم على سيدنا محمد وعلى آله وصحبه أجمعين وعلى التابعين وتابعي التابعين ومن تبعهم بإحسان إلى يوم الدين برحمتك يا أرحم الراحمين.

اللهم اغفر للمسلمين والمسلمات والمؤمنين والمؤمنات الأحياء منهم والأموات إنك سميع قريب مجيب الدعوات ويا قاضى الحاجات.

اللهمّ ادْفعْ عنّا اْلبلاء والوباء والزّلازل والمحن وسوء الفتنة والمحن ما ظهر منها وما بطن عن بلدنا اندونيسيَّا خآصّة وبلدان المسلمين وسائر البلدان عامة يا رب العالمين. اللهم أصلح لنا ديننا الذي هوعصمة أمرنا وأصلح لنا دنيانا التي فيها معاشنا وأصلح لنا آخرتنا التي إليها معادنا، اللهم اجعل الحياة زيادة لنا في كل خير واجعل الموت راحة لنا من كل شر.

اللهم أصلح أئمتنا وولاة أمورنا، وآمنّا في أوطاننا ودورنا وبلّغنا مما يرضيك آمالَنا واختم بالباقيات الصالحات أعمالنا، اللهم احفَظ بلادَنا إندونيسيا من كل سوء ومكروه، وأدم علينا الأمن والاستقرار، وجنبنا جميعا كل ما يؤدي إلى تباعد القلوب وتباغُضها، اللهم اجمع كلمتنا على الحق، واطفئ مشاعل الفتنة، وسد مسارب الفوضى، واجعلنا صفا واحدا على كل من أراد الشر لبلادنا يا أرحم الراحمين.

Ya Allah Swt ya tuhan kito. Mugi paringi kito nikmat pemimpin ingkang celak kalih panjenengan, ingkan jengenan ridhoi lan sayang kalih kito.

Sudilah kintenipun tuan nggampilaken kito nggapai nopo ingkang kito cita-citaaken.

Ya Allah Swt. Dadosaken kito manungso-manungso ingkang senantiasa bekti kalih tiang sepah kito.

Ya Allah Swt. Persatukan tekad kito kagem mlampah ing dalan kesaenan. Padamaken bara latu kealanan. Tutuplah sedoyo sumber petaka.

Lan pejahaken kito lebet keadaan sumringah, siap ngadep panjenengan, lan jenengan ridho kalih kito ya rabbi.

ربنا لا تزغ قلوبنا بعد إذ هديتنا وهب لنا من لدنك رحمة إنك أنت الوهاب، ربنا أتنا فى الدنيا حسنة وفى الأخرة حسنة وقنا عذاب النار.

عباد الله إن الله يأمر بالعدل والإحسان وإيتاء ذى القربى وينهى عن الفحشاء والمنكر يعذكم لعلكم تذكرون فاذكروا الله يذكركم واشكروا على نعمه يشكركم ولذكر الله أكبر.

Kolumnis: Nanada Farid, Semester II

Editor: Dalimah NH

Leave a Reply