Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Kados Pundi Supados Manah Kito Panjenengan Kebak Kalih Raos Tresno Dhateng Allah Swt

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Kados Pundi Supados Manah Kito Panjenengan Kebak Kalih Raos Tresno Dhateng Allah Swt

Khutbah I

الحمد لله ثم الحمد لله الحمد حمدا يوافي نعمه ويكافئ مزيده، يا ربنا لك الحمد كما ينبغي لجلال وجهك ولعظيم سلطانك، سبحانك اللهم لا أحصي  ثناءا عليك أنت كما أثنيت على نفسك، واشهد أن لا إله إلا الله وحده لا شريك له، وأشهد أن سيدنا ونبينا محمد عبده ورسوله وصفيه وخليله خير نبي أرسله، أرسله الله إلى العالم كله بشيرا ونذيرا اللهم صل وسلم وبارك على سيدنا محمد وعلى آل سيدنا محمد صلاة وسلاما دائمين متلازمين إلى يوم الدين، وأوصيكم أيها المسلمون ونفسي المذنبة بتقوى الله تعالى.

أما بعد، فيا عباد الله

Hadirin ingkang dipun mulyaaken Allah Swt..

Panjenengan sedoyo ingkang lathiipun ngucapaken kalimah asyhadu anla ilaha illallah wa asyhadu anna muhammadar rasulullah lan manahipun ngeyakini menawi mboten wonten ingkang nyusahaken lan mbungahaken kito kejawi inggil izin Allah Swt, estu sanget susah bilih manahipun tasek dereng ngraosaken manisipun raos tresno bebarengan raos ajrih dhateng Allah Swt.

Wonten mimbar Jum’at niki mari kito sareng-sareng bertadabbur, dos pundi supados manah kito, dipunkebaki raos tresno bebarengan raos ajrih dhateng Allah Swt. Lan kito ngraosaken nikmat wajah ingkang berseri amargi manah kito senantiasa bungah dening sedoyo ingkang kito ajengi.

Hadirin rahimakumullah..

Nopo ingkang kedah kito lampahi supados raos tresno lan ajrih niku hadir wonten manah kito? Syekh Said Ramadhan al-Buthi ngajaraken dhateng kito ndugi guneman ingkang cekak:

إذا تذكرت فضل الله عليك فاض قلبك حبا لله سبحانه وتعالى، وإذا تذكرت موقفك بين يديه، وأنت مقبل عليها ما في بالك ريب ليمتلئ فؤادك خشية من الله تعالى

Bilih kito ngemut-emut menawi Allah Swt nyukani karunia lan nikmatipun dhateng kito, nggih ingkang kito suwun utawi tanpo kito suwun, Pramila mesthi manah kito dipun kebaki raos tresno dhateng (Allah). Lan bilih kito ngraos nopo kito pantes kanthuk sedanten niku dene kito ingkang paling ngertos keadaan kito, kepripun kathah duso ingkang kito lampahi, lan saben ingang kito lampahi kedah kito tanggel jawabipun mangke wonten akhirat, mboten wonten keraguan manah kito mesthi dipunliputi raos ajrih dhateng Allah Swt.

Lan lelampahan spiritual manungso kedah dipunlampahi kangge “kaleh samparan” nggih niku raos tresno lan ajrih dhateng Allah Swt. Bilih manah tresno dhateng Allah Swt tanpo dipunbarengi raos ajrih, manungso mboten ajheng ndugi, lan bilih sawalikipun mboten wonten raos tresno ing manahipun pramila piyabakipun ajeng mendel wonten jurang keputusasaan.

Hadirin sederek seiman kulo..

Wau injing sesampunipun Allah Swt mbangunaken kito saking kapejahan ingkang sementara. Allah Swt tasih nyukani kito kasempatan damel sugeng, tasih marengaken kito damel ngehirup hawa dinten niki, tasih nyukani kito samparan ingkang saget nglangkah, asta ingkang saget andulang tutuk kito, balung wingking ingkang saget ndadosaken kito lenggah wonten kursi-kursi kerjo kito, mila kalih balung niku lenggah kito saget ajeg. Allah Swt nyukani tutuk ingkang saget kito damel ngendika, dhahar. Lambung ingkang tasih saget nyerna dhaharan kanthi sae. Padahal Allah Swt mboten betah kalih kito, wonten mbotene kito wonten dunyo niki mboten pengaruh ing Allah Swt. Pinten-pinten tiang ingkang tangi kaicalan doyoipun damel lenggah kanthi ajeg amergi kolesterolipun ngaluwihi wates badanipun,mila kesumbat pembuluh darahipun, mila piyambakipun kenging struk, malah kathah wonten antawis sedherek kito seislam ingkang Allah Swt tutup mripatipun  saklawase. Nanging amargi Allah Swt sayang kalih kito. Ing wekdal mustajab niki Allah Swt tasih nyukani kito kasempatan damel kempal wonten ing masjid niki, mirengaken suoro takbir malih lan insyaallah ajheng ngelampahi ibadah sholat Jum’at dinten niki.

Bilih juragan kito maringi kito reward lan hadiah, nggih niku hal ingkang wajar, amergi piyambakipun betah kalih kinerja kito. Piyambakipun kanthuk manfaat ajheng kerjo keras kito. Nanging wekdal niki dzat ingkang moho esa niku nyukani sedoyo datheng kito tanpo ngarep imbalan dugi kito. Tasih perlukah malih alesan kito kagem mboten tresnoipun (Allah)?

Bocah alit ingkang ngraos menawi ibunipun mboten sayang kalih ibunipun, mungkin tasihsaget kito maklumi, amergi bocah alit akalipun dereng saget nalar kanthi sae, padahal mboten wonten ibu ingkang mboten sayang datheng darah dagingipun. Ananging kito ingkang sampon ageng ingkang saget berfikir kanthi jernih lan sae, bilih tasih mboten mampu ngraosaken sayangipun Allah Swt datheng kito, mila manah kito mboten tresno dhateng (Allah). Ananging mungkin wonten ingkang lepat wonten ing pikiran lan manah kito.

Baca Juga:

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Mukmin Ingkang Sejati Manahipun Mboten Ngraos Susah Wanci Tinibo Musibah

Hadirin rahimakumullah..

Bilih raos tresno niku sampon wonten ing manah kito, kalanipun kito ngerthos diri. Nopo nikmat niku pentes dipunparingaken datheng kito, dene saking kala wau injing, kala-wingi, kala-minggu bahkan kala-setahun. Dinten-dinten kito dipunkabaki kalih maksiat datheng (Allah). Padahal maksiat kito ajeng kito pertanggel jawabaken, dumugi awal mripat kito terpejam saklawasipun.

Hadirin kulo ngajak hadirin kagem sekedhap mejamaken mripat

Mari kito emut maleh, wau dalu sakderenge kito tilem, cahya kamar kito sampun pejah, kamar kito petheng. Kala niku sampon mboten wonten suoro amergi sedanten sampon tilem, saumpamanipun wekdal niku Allah Swt ngutus malaikat mautipun kagem merdhayoh ten kamar kito, lan raos adhem niku njalar awit saking pucuk samparan, amargi wonten riwayat, nyawa dipuncabut alon-alon saking pucuk samparan. Lan raos adhem niku njalar ten inggil sampai kito mboten saget ngraosaken male hasta kito, badan kito sampon mboten purun gerak cocog kalih kekajengan kito. Tutuk kito ajeng nyuwun tulung datheng ingkang wonten jejer kito nanging ilat kito kaku, lan raos gerah wanci ajal niku dugi mboten saget kito ucapaken kalih tutuk kito.

Bab niki cocog kalih nopo ingkang di dhawuhaken Allah Swt wonten ing Al-Qur’an:

وجاء سكرة الموت بالحق ذالك ما كنت منه تحيد

Artosipun: “Lan ndumugi sakaratul maut kanthi saestu-estunipun. Nggih ingkang rumiyen badhe jenengan hindari” (QS. AL-Qaf: 19)

Bilih nyawa kito sampon terangkat, lan kito ningali badan kito terbujur lemes, kados wanci kito takziyah datheng Amwatul Muslimin. Lajeng jenazah niku dipuninggahaken, dipunsiramaken, lan dipunbeto dening sadherek sadherek muslimin wonten keranda.

Imutaken kito bilih kito selehaken jenzah sedherek kito wonten ing sarean, wajah ingkang mripatipun sampon merem, bilih kito pendem lemah sarean ingkang sampon kito gali. Bilih puniku jenazah piyambakan wonten ing sarean, arto ingkang dipunkempalaken mboten saget dipundamel, lemah jembar ingkang sampon dipuntumbas mboten dipunbetahaken, jabatan inggil ingkang nate dipunsandang mboten manfaati. Wanci niku piyambakipun piyambakan lan piyambakipun kedah mempertenggal jawabaken nopo-nopo lampahan naliko gesang. Bilih kelakuanipun sae alhamdulillah piyambakipun angsal kanikmatan, nanging bilih sawalikipun, kirang menderita nopo maleh bilih sikso kubur niku kedah piyambakipun tanggel piyambak tanpo wonten ingkang saget nulungi piyambakipun. Kirang menemukan kenikmatan, tapi jika sebaliknya. Kurang menderita apalagi jika siksa kubur itu harus dia tanggung sendirian tanpa ada yang bisa menolongnya. Kurang pedih nopo nglampahaken masa susah atus-atusan warsa tanpo saget namung mbagi criyos. Lan kitolah ingkang paling ngertos tentang duso ingkang sampon kito lampahi, duso ingkang mboten mungkin kito criosaken bahkan datheng keluargi celak kito.

Ingkang mungkin wonten manah kito saestu menawi mesthi kito ajeng mertanggel jawabaken duso puniku.

Tasih perlukah alesan kito mboten ajrih datheng Allah Swt?

Hadirin jamaah sholat Jum’at..

Wanci ajrih puniku sampon mandarah daging lebeting gesang kito, kito ajeng senantiasa njagi supados kito mboten wangsul terperosok dhateng lebet lembah dosa. Lan wanci kito ngemut-emut ajeng sedoyo nikmat lan betapa sayangipun Allah Swt dhateng kito, ajeng bertambahlah semangat ibadah kito datheng Allah Swt.

بارك الله لي ولكم في القرآن العظيم ونفعني وإياكم بما فيه من الآيات والذكر الحكيم، وتقبل مني ومنكم تلاوته إنه هو السميع العليم فاستغفروه إنه هو الغفور الرحيم

Khutbah II

الحمد لله حمدا كثيرا كما أمر، وأشهد أن لا اله اله إلا الله وحده لا شريك له إرغاما لمن جحد به وكفر، وأشهد أن محمدا عبده ورسوله سيد الخلائق والبشر. اللهم صل وسلم وبارك على سيدنا محمد وعلى آله وأصحابه ومن تبعهم بإحسان إلى يوم المحشر. أما بعد.

فيا أيها الحاضرون أوصيكم ونفسي بتقوى الله فقد فاز المتقون، وافعلوا الخيرات واجتنبوا عن السيئات.

واعلموا أن الله أمركم بأمر بدأ فيه بنفسه وثنّا بملائكته المسبّحة بقدسه، فقال الله تعالى في كتابه الكريم أعوذ بالله من الشيطان الرجيم بسم الله الرحمن الرحيم، إن الله وملائكته يصلون على النبي يا أيها الذين آمنوا صلوا عليه وسلموا تسليما، اللهم صل وسلم على سيدنا محمد وعلى آله وصحبه أجمعين وعلى التابعين وتابعي التابعين ومن تبعهم بإحسان إلى يوم الدين برحمتك يا أرحم الراحمين.

اللهم اغفر للمسلمين والمسلمات والمؤمنين والمؤمنات الأحياء منهم والأموات إنك سميع قريب مجيب الدعوات ويا قاضى الحاجات.

اللهمّ ادْفعْ عنّا اْلبلاء والوباء والزّلازل والمحن وسوء الفتنة والمحن ما ظهر منها وما بطن عن بلدنا اندونيسيَّا خآصّة وبلدان المسلمين وسائر البلدان عامة يا رب العالمين. اللهم أصلح لنا ديننا الذي هوعصمة أمرنا وأصلح لنا دنيانا التي فيها معاشنا وأصلح لنا آخرتنا التي إليها معادنا، اللهم اجعل الحياة زيادة لنا في كل خير واجعل الموت راحة لنا من كل شر.

اللهم أصلح أئمتنا وولاة أمورنا، وآمنّا في أوطاننا ودورنا وبلّغنا مما يرضيك آمالَنا واختم بالباقيات الصالحات أعمالنا، اللهم احفَظ بلادَنا إندونيسيا من كل سوء ومكروه، وأدم علينا الأمن والاستقرار، وجنبنا جميعا كل ما يؤدي إلى تباعد القلوب وتباغُضها، اللهم اجمع كلمتنا على الحق، واطفئ مشاعل الفتنة، وسد مسارب الفوضى، واجعلنا صفا واحدا على كل من أراد الشر لبلادنا يا أرحم الراحمين

Ya Allah ya tuhan kito, mugi paringi kito nikmat pemimpin ingkang celak kalih panjenengan, ingkan jengenan ridhoi lan sayang kalih kito.

Sudilah kintenipun tuan nggampilaken kito nggapai nopo ingkang kito cita-citaaken.

Ya Allah, dadosaken kito manungso-manungso ingkang senantiasa bekti kalih tiang sepah kito.

Ya Allah, persatukan tekad kito kagem mlampah ing dalan kesaenan. Padamaken bara latu kealanan. Tutuplah sedoyo sumber petaka.

Lan pejahaken kito lebet keadaan sumringah, siap ngadep panjenengan, lan jenengan ridho kalih kito ya rabbi.

ربنا لا تزغ قلوبنا بعد إذ هديتنا وهب لنا من لدنك رحمة إنك أنت الوهاب، ربنا أتنا فى الدنيا حسنة وفى الأخرة حسنة وقنا عذاب النار.

عباد الله إن الله يأمر بالعدل والإحسان وإيتاء ذى القربى وينهى عن الفحشاء والمنكر يعذكم لعلكم تذكرون فاذكروا الله يذكركم واشكروا على نعمه يشكركم ولذكر الله أكبر

Kolumnis: Nanada Farid, Semester II

Editor: Dalimah NH

Leave a Reply